Kaca iki wis divalidasi
- sami kasiksa srana anggènipun kétjalan Gusti Allah ing salami-laminipun tuwin anggènipun ngraosaken latuning Naraka.
- „Menawa tanganmu andjalari anggonmu tumiba ing dosa, keṭoken. Luwih betjik tjiri mlebu ing urip langgeng tinimbang nduwé tangan loro ditjemplungaké Naraka, tumiba ing geni kang ora bisa mati”.
Marc. 9 42.
3] 198. Sing bakal ketjemplung Naraka iku sapa?
- Ingkang baḍé katjemplung Naraka menika tijang ingkang nalika pedjahipun nganḍut dosa ageng.
5] 199. Apa si badan ija bakal mèlu ngrasakaké siksaning Naraka?
- Inggih; pun badan ugi baḍé tumut ngraosaken siksaning Naraka, inggih menika bakda Pengadilan Umum.
5] 200. Nasibé wong duraka langgeng ana ing Naraka iku diarani apa?
- Nasibipun tijang duraka langgeng wonten ing Naraka menika dipunwastani: „musibat langgeng”.
5] 201. Kasangsarané wong kang ana ing Naraka iku apa pada gedéné?
- Kasangsaraning tijang ingkang wonten ing Naraka menika boten sami agengipun: saben tijang dipunsiksa samurwat kalijan dosanipun
67