Kaca iki wis divalidasi
4] 187. Pengadilaning sukma kang mentas ontjat saka badan iku djenengé Pengadilan apa?
- Pengadilaning sukma ingkang mentas ontjat saking badan menika namanipun Pengadilan saking satunggal.
4] 188. Sawisé diadili saka sidji sukmané bandjur menjang ngendi?
- Sasampunipun dipunadili saking satunggal sukmanipun ladjeng ḍateng Swarga, utawi ḍateng Naraka, utawi malih ḍateng Latu-Pangresikan.
5] 189. Apa sing ditindakaké Pasamuwan Suti kanggoné wong adjal?
- Kanggénipun tijang ingkang adjal, Pasamuwan Sutji ngundjukaken Kurban Mis Sutji, murih tentreming sukmanipun, déné badanipun dipunpetak ing kuburan ingkang sampun dipunberkahi.
6] 190. Apa tegesé „tangining badan”?<
- „Tangining badan” menika tegesipun: badan lan sukmanipun para tijang ingkang sampun sami pedjah baḍé dipundadosaken satunggal malih ing Sang Kristus, ladjeng sami gesang malih nilar kuburan.
6] 191. Kaprijé kahanané badané para Sutji kalané tangi?
- Nalikanipun tangi badanipun para Sutji kawontenanipun baḍé mulja lan ngèmperi Salira Dalem Sang Kristus ingkang sampun kamuljakaken.
64