Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/65

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
„Gusti Jésus ndamoni para Rasul lan ngendika: Paḍa tampanana Hjang Roh Sutji. Sing sapa kok-apura dosané ia bakal diapura, sing sapa kok-lestarèkaké dosané, ya bakal dilestarèkaké”

Joann. 20 : 22, 23.


Piwulang kang ping patlikur.
PATI LAN TANGINING BADAN.


Prakara kang kasewelas:
,,Tangining badan".

4] 184. Kanggoné wong Katulik pati iku apa?

Kanggénipun tijang Katulik pedjah menika: pinḍah ḍateng gesang ingkang langkung saé.
„Kanggoné aku: urip iku Sang Kristus, déné pati iku baṭi. Aku kepéngin diuwalaké lan kumpul karo Sang Kristus”.

Phil. 1 : 21, 23.


4] 185. Apa wong ngerti bésuk kapan anggoné bakal mati?

Boten; tijang boten ngertos béndjing menapa angegénipun baḍe pedjah. Pramila Gusti Jésus ngémutaken: „Dipada tjumawis, awit kowé ora ngerti dinané utawa wajahé”.


5] 186. Jen wong iku mati, bandjur kaprijé?

Jén tijang menika pedjah, sukmanipun pisah kalijan badanipun; sanalika menika ugi sukma dipunadili, déné badanipun ladjeng dados siti, nanging béndjing baḍé tangi malih.

63