Kaca iki wis divalidasi
- pendamel saé, pamatiraga lan aflat, langkung-langkung srana Kurban Mis Sutji.
- Méngeti para Sukma ing Geni Pangresikan 2 Nopember.
- Méngeti para Sukma ing Geni Pangresikan 2 Nopember.
5] 181. Anggonku paḍa ditulung para Sutji ing Swarga iku kaprijé?
- Anggén kula sami dipuntulungi para Sutji ing Swarga menika: srana dipunlantaraken panjuwunan kula wonten ing ngarsaning Allah.
- Mèngeti para Sutji ing Swarga: 1 Nopémber.
- Mèngeti para Sutji ing Swarga: 1 Nopémber.
Piwulang kang ping telulikur.
PANGAPURANING DOSA.
PANGAPURANING DOSA.
Prakara kang kasepuluh:
,,Pangapuntening dosa".
5] 182. Apa Pasamuwan Sutji pinaringan panguwasa ngapura dosa?
- Inggih, Pasamuwan Sutji dipunparingi Sang Kristus panguwaos saged ngapunten sadajaning dosa, kados menapa kémawon agengipun utawi kaṭahipun.
5] 183. Anggoné Pasamuwan Sutji ngapura dosa iku kaprijé?
- Anggènipun Pasamuwan Sutji ngapunten dosa menika langkung-langkung lumantar Sakramén Baptis lan ing Sakramén Pangakening dosa.
62