Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/63

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
saweg nanḍang sangsara, lan ingkang sampun sasap ing perang.


5] 176. Wargané Pasamuwan Sutji sing lagi perang iku sapa?

Warganipun Pasamuwan Sutji ingkang saweg perang menika: sadaja warga ingkang taksih gesang wonten ing donja ngriki.


5] 177. Wargané Pasamuwan Sutji sing lagi nanḍang sangsara iku sapa?

Warganipun Pasamuwan Sutji ingkang saweg nanḍang sangsara menika: sukma-sukma ing Latu Pangresikan.


5] 178. Wargané Pasamuwan Sutji sing wus menang ing perang iku sapa?

Warganipun Pasamuwan Sutji ingkang sampun sasap ing perang menika para Sutji ing Swarga.


5] 179. Para warga kang isih ana ing donja kéné iku anggoné lung-tinulung kaprijé?

Anggénipun lung-tinulung para warga ingkang taksih wonten donja ngriki menika: srana sembahjangan, pendamel saé lan matiraga, langkung-langkung srana Kurban Mis Sutji.
„Dipaḍa lung-tinulung nggawakaké gawané: ija kaja mengkono iku anggonmu ngèstokaké Ḍawuh Dalem”.

Gal. 6 : 2.


5] 180. Anggonku bisa tetulung para Sukma ing Geni Pangeresikan iku kaprijé?

Anggèn kula saged tetulung para Sukma ing Latu-Pangresikan menika: srana sembahjangan,

61