Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/60

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

5] 164. Geṭok-tular run-tumurun Illahi iku apa?

    Geṭok-tular run-tumurun I[lahi menika prekawis-prekawis weḍaran Dalem Gusti Allah ingkang kawulangaken para Rasul kanti idjeman, sarta ladjeng sumrambah dateng tijang sadaja lumantar Pasamuwan Sutji.

5] 165. Kitab Sutjt tku apa?

    Kitab Sutji menika: buku-buku sinerat kanṭi wangsit Dalem Hjang Roh Sutji ingkang mirunggan, lan sumrambahipun dateng tiang sadaja lantaran Pasamuwan Sutji.

5] 166. Kitab Sutji iku kapérang dadi pirang golongan?

    Kitab Sutji menika kapérang dados kalih golongan, inggih menika: Kitab Sutji Pradjandjian Lami sarta Kitab Sutji Pradjandjian Enggal.

5] 167. Buku-buku end: sing kagolong Pradjandjian Lawas?

    Ingkang kagolong Pradjandjian Lami menika: buku-buku ingkang kaserat sadèrèngipun Sang Kristus rawuh.

5] 168. Buku-buku endi sing kagolong Pradjandjian Anjar.

    Ingkang kagolong Pradjandjian Énggal menika: buku-buku ingkang kaserat sasampunipun Sang Kristus rawuh.

6] 169. Kaprijé bisaku ngerti tanpa klèru marang Geṭoke tular run-tumurun Illahi lan marang Kitab Sutji?

    Ngertos kula ḍateng Geṭok-tular run-tumurun