Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/58

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

5] 157. Apa Pasamuwan Sutji bisa kléru jen ngandaraké Piwulang Dalem Sang Kristus?

Pasamuwan Sutji boten saged kléentu jen ngandaraken Piwulang Dalem Sang Kristus. Ing prekawis pengandel lan kasusilan Pasamuwan Sutji menika lepat ing kléntu.

5] 158. Anggoné Pasamuwan Sutji ora bisa kléeru ing babagan Pengandel lan Kasusilan iku marga apa?

Anggénipun Pasamuwan Sutji boten saged klentu ing babagan pengandel lan kasusilan menika saking pitulungan Dalem Hjang Roh Sutji ingkang mirunggan.

6] 159. Ing Pasamuwan Sutji sing pinaringan panguwasa memulang tanpa bisa kleru iku sapa?

Ing Pasamuwan Sutji ingkang pinaringan panguwaos memulang tanpa saged kléntu menika : Kangdjeng Paus pijambak utawi para Biskop sesarengan, nunggil kalijan Kangdjeng Paus.
,,sing sapa ngrungokaké kowé, ngrungokaké Aku; sing sapa nampik kowé, nampik Aku.

Luc. 10 : 16.

6] 160. Anggéné Kangdjeng Paus ora saged klèntu iku jèn pinudju apa?

Anggénipun Kangdjeng Paus boten saged klentu menika menawi Pandjenenganipun saweg migunakaken kalenggahan dalem djumeneng Tetungguling Pasamuwan Sutji, paring putusan ingkang ngrampungi, menggahing prekawis Piandel utawi Kasusilan, lan madjibaken dateng sadaja warganing Pasamuwan Sutji nampi putusan wau.

56