Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/57

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
„Pada rumeksa marang awakmu ḍéwé lan marang weḍus-weḍus, kang dipasrahaké marang kowé saka Karsa Dalem Hjang Roh Sutji, supaja kowé ngerèhaké Pasamuwan Dalem Gusti, kang anggèné angsal krana Rah Dalem”.

Acta. 20: 28,

5] 154. Sapa kang mbantu pakarjané para Biskop?

Ingkang mbantu pakarjanipun para Biskop inggih menika para Rama Pastur ing salebeting wewengkon-parokinipun pijambak-pijambak, samanten ugi para Imam sanès-sanèsipun.

6] 155. Sing diarani skismatik iku wong apa?

Ingkang dipunwastani skismatik menika tijang ingkang sampun kabaptis, lan inggih lestantun ngaken tijang Kristen, nanging boten purun mbangun miturut dateng Kangdjeng Paus ing Ngerum.
Piwulang kang ping sangalas.
PASAMUWAN SUTJI KAGUNGAN
PANGUWASA MEMULANG.

5] 156. Ing Pasamuwan Sutji sing diparingi panguwasa memulang iku sapa?

Ing Pasamuwan Sutji ingkang pinaringan panguwaos memulang menika: Kangdjeng Paus lan para Biskop.

55