Kaca iki wis divalidasi
4] 149. Anggèné Gusti Jésus paring panguwasa kang ḑuwur ḑéwé marang Rasul Pétrus iku ngagem tetembungan kaprijé?
- Anggènipun Gusti Jésus paring panguwaos ingkang inggil pijambak ḍateng Rasul Pétrus menika ngagem tetembungan: ,,Engonen tjempé-tjempéKu, engonen weḑus-weḑusKu”’.
5] 150. Apa Gusti Jésus pijambak dudu Panggeḍéné Pasamuwan Sutji?
- Inggih. Gusti pijambak djumeneng, lan salaminipun lestantun djumeneng, Pengagengipun Pasamuwan Sutji, nanging Santo Pétrus katetepaken dados Wakil Dalem ingkang katingal wonten ing donja ngriki.
3] 151. Sapa sing nggenténi Santo Pétrus?
- Ingkang nggentosi Santo Pétrus, inggih menika: Kangdjeng Paus.
4] 152. Kangdjeng Paus iku apa?
- Kangdjeng Paus menika Kangdjeng Biskopipun kiṭa Ngerum, gegentosipun Santo Pétrus ingkang absah; Wakil Dalem Sang Kristus ing donja ngriki.
5] 153. Sapa sing nggenténi para Rasul?
- Ingkang nggentosi para Rasul menika: para Biskop. Para Biskop menika sami katetepaken Hjang Roh Sutji ngerèhaken Pasamuwan Dalem Sang Kristus wonten ing kabiskopanipun pijambak-pijambak ing sanganḍaping Panguwaosipun Kangdjeng Paus, ingkang inggil pijambak.54