Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/55

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Pakumpulan ,,Rasul Pétrus” kagungan Dalem Kangdjeng Paus, — mitulungi pangupakarané para Imam pribumi.
  2. Tindak rasul ,,Ngumpulaké manèh”, — supaja Agama-agama Kristen kang wis paḍa misah, pada mulih ing kanḑangé nunggal dadi sidji karo Pasamuwan Katulik ing Negara Ngerum.
Piwulang kang ping wolulas.
PANGREHING PASAMUWAN SUTJI.

5] 146. Sapa sing ditetepaké Gusti Jésus ngeréh Pasamuwan Dalem?

Ingkang dipuntetepaken Gusti Jésus ngeréh Pasamuwan Dalem menika: para Rasul lan sadaja ingkang nggentosi.

3] 147. Sapa sing ditetepaké Gusti Jésus dadi Panggedéné Pasamuwan Dalem?

Ingkang dipuntetepaken Gusti Jésus dados Pengagengipun Pasamuwan Dalem inggih menika Santo Pétrus.

5] 148. Anggené Gusti Jésus sagah arep paring panguwasa kang duwur déwé marang Rasul Pétrus ku ngagem tetembungan kaprijé?

Anggénipun Gusti Jésus sagah badé paring panguwaos ingkang inggil pijambak dateng Rasul Pértus menika ngagem tetembungan: ,,Kowé iku Pétrus, lan ing sanduwuring karang padas iki Aku bakal ngedegaké Pasamuwanku’’.

53