Kaca iki wis divalidasi
- ngèstokaké kabèh kang dadi ḍawuhKu. Wruhanamu: Aku bakal nunggal karo kowé nganti tekan wekasaning djagad”.
Matt. 28: 19, 20.
5] 143. Kaprijé katerangané déné Pasamuwan Sutji iku asipat apostolik?
- Pasamuwan Sutji menika asipat apostolik, awit ing salaminipun madeg, lan ing pundi kémawon sumebaripun, tansah manunggil kalijan Pasamuwan Dalem nalika djamanipun para Rasul.
- „Kowé iku diedegaké ana ing dasaring para Rasul lan para Nabi”.
Eph. 2 20.
3] 144. Wong dadi warganing Pasamuwan Sutji iku sranané kaprije?
- Tijang dados warganipun Pasamuwan Sutji menika srananipun: dipunbaptis.
5] 145. Kaprijé tjarané anggonku kudu mèlu ndjembaraké Pasamuwan Sutji?
- Anggèn kula kedah tumut ndjembaraken Pasamuwan Sutji menika tjaranipun: sembahjang lan kurban tuwin njokong pakempalan-pakempalan ingkang dipunwontenaken kanggé sumebaring Pengandel Sutji.
- Pakumpulan papat murih pentjaring Pengandel sutji sing perlu ḍéwé, ija iku:
- Pakumpulan „Pentjaring Pengandel Sutji” kagungan Dalem Kangdjeng Paus, — murih mertobaté wong abangan utawa kang ora ngibadah.
- Pakumpulan „Sri Jésus Sang Timur” kagungan Dalem Kangdjeng Paus, — ngudi panggulawențahing botjah-botjah, anaké wong abangan.
52