Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/53

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. piwulangipun.
  2. srana-srana anggènipun tijang saged angsal sih Dalem.
  3. panuntunipun.
„Raga sidji Djiwa sidji, kaja déné enggonmu pada tinimbalan uga ana ing sadjroné pangarep-areping timbalanmu sidji; Gusti sidji, piandel sidji, baptis sidji; Allah sidji lan Ramané kabèh waé, kang ngungkuli kabèh waé, nrabas kabèh waé lan ana ing sadjroné kabèh waé”.

Eph. 4 4, 5, 6.

5] 141. Kaprijé katerangané déné Pasamuwan Sutji iku asipat sutji?

Pasamuwan Sutji menika asipat sutji, awit:
  1. memulang piwulang sutji,
  2. paring sakațahing srana sagedipun dados sutji,
  3. tansah apeputra tijang Sutji.
„Wus tinulis: Sing pada sutji, awit Aku déwé sutji”.

I. Petr. 1: 16.

5] 142. Kaprijé katerangané déné Pasamuwan Sutji iku asipat katulik utawa umum?

Pasamuwan Sutji menika asipat katulik utawi umum, awit kakersakaken Sang Kristus kanggé sadaja bangsa lan sumebar ing saindenging djagad.
Sabda Dalem Gusti Jésus marang para Rasul kang wekasan:„Pada sumebara lan mulanga sakabèhing bangsa, baptisen kondjuk ing Asma Dalem Hjang Rama saha Hjang Putra tuwin Hjang Roh Sutji; pada wurukana

51