Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/52

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

6] 135. Pasamuwan Sutji iku apa?

Pasamuwan Sutji menika Pakempalan jejasan Dalem Sang Kristus, amrih ndjumenengaken Kratoning Allah wonten ing tengah-tengahing sadaja manungsa ngantos sarampungipun.

3] 136. Pasamuwan, jasan Dalem Sang Kristus, iku djenengé apa?

Pasamuwan, jasan Dalem Sang Kristus, menika namanipun: Pasamuwan Sutji Rum Katulik.

6] 137. Pasamuwan Sutji iku diarani apa manèh?

Pasamuwan Sutji menika ugi dipun wastani: Salira Dalem Sang Kristus ingkang winados, ginaib utawi tasawup. (Mystic).

6] 138. Pasamuwan Dalem Sang Kristus iku apa katon?

Inggih, Pasamuwan Dalem Sang Kristus menika katingal, awit kaparingan Pangrèh ingkang katingal, Panguwaos memulang ingkang katingal tuwin Kaimaman ingkang katingal.

5] 139. Pasamuwan Dalem Sang Kristus iku sipat-sipaté kaprijé?

Pasamuwan Dalem Sang Kirstus menika sipat-sipatipun: sawidji, sutji, katulik lan apostolik.

5] 140. Anggoné Pasamuwan Dalem asipat sawidji iku dunungé ana ing ngendi?

Anggènipun Pasamuwan Dalem asipat sawidji menika dumunung wonten ing:

50