Kaca iki wis divalidasi
Piwulang kang ping nembelas.
HJANG ROH SUTJI.
- Prakara kang kawolu:
- „Kawula pitados ing Hjang Roh Sutji”.
5] 127. Sawisé Mékrad Dalem, apa sing diparingaké Gusti Jésus kang disik ḍéwé?
- Sasampunipun Mékrad Dalem, ingkang dipun paringaken Gusti Jésus ingkang rumijin pijambak, inggih menika Hjang Roh Sutji, ingkang sampun kasagahaken ing sadèrèngipun.
- Dina rijaja: Pèntékostah, tedak Dalem Hjang Roh Sutji: 50 dina bakda Paskah.
3] 128. Tedak Dalem Hjang Roh Sutji ing dina Pèntékostah, iku warna apa?
- Teḍak Dalem Hjang Roh Sutji ing dinten Pèntékostah menika awarni ilat-ilatan latu.
5] 129. Nalika Hjang Roh Sutji teḍak ing rijaja Pèntékostah para Rasul paḍa pinaringan apa?
- Nalika Hjang Roh Sutji teḍak ing rijadi Pèntékostah, para Rasul pinaringan pepaḍang, kekendelan, lan kasantosan anggènipun baḍé mentjaraken piwulang Dalem Sang Kristus ḍateng sadaja bangsa.
5] 130. Apa sing pinaringan Hjang Roh Sutji kuwi mung para Rasul waé?
- Ingkang pinaringan Hjang Roh Sutji menika boten namung para Rasul kémawon; miturut
47