Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/48

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

4] 123. Kelakoné Pengadilan Umum mau bésuk kapan?

    Kelampahanipun Pengadilan Umum menika ing pungkasaning djagad, nanging dintenipun boten wonten ingkang ngertos.

6] 124. Apa sing bakal kelakon ngarepaké Pengadilan Umum?

    Ingkang badé kelampahan ngadjengaken Pengadilan Umum, inggih menika:
    1. baḍé wonten panguja-uja ingkang nggegirisi saking pun anti-krist.
    2. djagad badé lebur.
    3. tijang ingkang sampun pedjah badé tangi.

5] 125. Ing Pengadilan Umum Gusti Jésus bakal ngendika kaprijé marang para mursid?

    Ing Pengadilan Umum Gusti Jésus badé ngendika ḍateng para mursid mekaten:,,Pada mrénéa, wong kang pada djinangkung ing Ramaku, tampanana Kraton, kang disediakaké kanggo kowé kabèh wiwit saka dumadining djagad".

5] 126. Ing Pengadilan Umum Gusti Jésus bakal ngendika kaprijé marang wong duraka?

    Ing Pengadilan Umum Gusti Jésus badé ngendika dateng tijang duraka mekaten:
    ,,Minggata saka kéné, hèh wong duraka, kang kena ing musibat, njemplunga ing geni langgeng".

46