Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/47

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Allah Hjang Rama; Pandjenenganipun dados Imam Agung, tansah njembahjangaken para umat manungsa.
„Anak-anakku anggonku nulis lajang iki, supaja kowé adja paḍa nglakoni dosa. Ewasemono, jen ana wong sing tumiba ing dosa, isih ana Kang paring pitulungan ana ngarsa Dalem Hjang Rama, ija iku Kangdjeng Gusti Jésus Kristus, Sang Sinutji. Pandjenengané dadi Pitempahing dosa, ora mung dosaku baé, uga dosané wong sadjagad”.

I Jo. 2 : 1, 2.

Piwulang kang ping limalas.

GUSTI JÉSUS DJUMENENG

MAHA DJEKSA.

Prakara kang kapitu:
„saking ngriku baḍé rawuh angadili para tijang gesang utawi pedjah”.

6] 122. Anggené Gusti bakal rawuh maneh iku bésuk kapan?

Gusti Jésus baḍé rawuh malih ing pungkasanipun djagad, perlu nḍawahaken pengadilan ḍateng sadaja tijang sesarengan. Pengadilan menika dipunwastani Pengadilan Umum, utawi Pengadilan Pungkasan.
„Pandjenengané pinidji ing Gusti Allah djumeneng Maha Djeksa kang bakal ngadili wong urip lan wong mati”. Acta. 10: 42.
„Hjang Rama masrahaké Pengadilan Dalem marang Hjang Putra, supaja kabeh wong tjaos pakurmatan marang Pandjenengane”.

Jo. 5 : 22, 23

45