Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/45

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

3] 115. Rijajané Wungu Dalem iku kapan?

Rijajanipun Wungu Dalem menika: dinten Paskah.


5] 116. Sawisé Gusti Jesus wungu saka séda, bandjur nindakaké apa?

Sasampunipun Gusti Jésus wungu saking séda, wongsal-wangsul ngetingali para Rasul lan murid-murid Dalem salebetipun kawandasa dinten: ngendikakaken bab Pasamuwan Sutji lan sagah baḍé ngutus Hjang Roh Sutji.
„Sarana bukti warna-warna Gusti nedahaké jen sabakdané sangsara Pandjenengané isih sugeng. Sadjroning patangpuluh dina bola-bali ngetingali para murid, lan ngendikakaké bab Kratoning Allah”.   Acta. 1 : 3.
„Aku kabéh pada ngandel marang Pandjenengané, Kangdjeng Gusti Jésus Pangéranku, kang wis kaulungaké krana kadurakanku, lan kang wus wungu Saka séda murih karahajonku”.   Rom. 4 : 25.


Piwulang kang ping patbelas.
GUSTI MÉKRAD MENJANG SWARGA.

Prakara kang kanem:
„Mékrad ḍateng Swarga, pinarak satengening Allah Rama Sang Maha kuwasa”.

3] 117. Ḍék kapan anggéné Gusti mékrad menjang Swarga?

Anggénipun Gusti Jésus mékrad dateng Swarga

43