Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/44

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Piwulang kang ping telulas.
GUSTI JÉSUS WUNGU SAKA SÉDA.

Prakara kang kalima:
,,Teḍak ḍateng naraka, tigang dintenipun wungu saking séda".

4] 110. Sawisé Gusti Jésus séda, Sukma Dalem menjang ngendi?

    Sasampunipun Gusti Jésus séda, Sukma Dalem teḍak ḍateng naraka, inggih menika Papan pangentosan.

4] 111. Papan pangentènan iku apa?

    Papan pangentosan menika panggènanipun para sukmaning tijang mursid ngentosi anggènipun katebus ing Gusti Jésus.

3] 112. Salira Dalem mau apa lestari ana pasaréan terus?

    Boten. Salira Dalem wau boten lestantun wonten pasaréan, nanging Gusti Jésus wungu saking séda.

5] 113. Anggèné Gusti Jésus wungu saka séda, iku kaprijé?

    Gusti Jésus ngempalaken Sukma lan Salira Dalem dados satunggal, wungu saking pasaréan ingkang taksih mineb, sampun boten saged séda malih lan ngagem kamuljan.

3] 114. Anggèné Gusti Jésus wungu saka séda iku kapan?

    Anggènipun Gusti Jésus wungu saking séda menika tigang dintenipun bakda séda, ngleresi Ngahad éndjing.

42