Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/43

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

3] 105. Sawisé Gusti Jésus séda, Salira Dalem dikapakaké?

    Sasampunipun Gusti Jésus séda, Salira Dalem dipundjodjoh mawi tumbak, kaeḍakaken saking Salib, wusana dipunsarèkaken ing pasaréan séla ingkang taksih énggal.

6] 106. Sebabé apa déné Séda Dalem mau ngolèhaké pepulihing sakabèhing dosa lan ngolèhaké sakabèhing sih Dalem?

    Séda Dalem wau ngangsalaken pepulihing sadaja dosa lan ngangsalaken sadaja sih Dalem, awit nalika gumantung wonten ing Salib, Gusti Jésus djumeneng Imam Agung ingkang ngundjukaken Salira Dalem dados Kurban sedjati.

6] 107. Sebabé apa déné Kurban Salib iku Kurbaning Pradjandjian Anjar kang sampurna?

    Kurban Salib menika Kurbaning Pradjandjian Énggal ingkang sampurna, awit dalah Imam Agung tuwin kurbanipun nggaḍahi aos ingkang tanpa wates.

4] 108. Anggèné Gusti Jésus séda iku kanggo rahajuné sapa?

    Anggènipun Gusti Jésus séda menika kanggé rahadjengipun tijang sadaja.

4] 109. Sebab apa kok ora kabèh wong bakal nampa karahajon?

    Boten sadaja tijang baḍé nampi karahajon, awit boten sadaja tijang badé migunakaken sih Dalem.
    Ngéling-éling Sangsara Dalem iku kelakoné luwih-luwih: ing sadjroning Minggu Adi lan jèn sembahjang Dalan Pamentangan.

41