Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/42

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

4] 99. Ana ing Patamanan Djaétun Gusti Jésus nemahi kasangsaran apa?

    Wonten ing Patamanan Djaétún Gusti Jésus miris gumeter ketir-ketir ngantos mèh séda. Ladjeng dipuntjidrani Judas, sarta kaulungaken dateng tijang-tijang Jahudi.

4] 100. Sawisé ditjidrani, Gusti Jésus nemahi kasangsaran apa?

    Sasampunipun dipuntjidrani Judas, Gusti Jésus ladjeng dipuntangkep tijang-tijang Jahudi, sarta dipunukum séda, dipunpepojoki Hérodès, saking préntahipun Pilatus dipunsapu, lan dipunmaku- țani eri, ladjeng dipunsédani.

3] 101. Séda Dalem Gusti Jésus iku dikapakaké?

    Séda Dalem Gusti Jésus menika margi dipun- pentang ing Salib.

3] 102. Anggèné Gusti Jésus disalib ana ing ngendi?

    Gusti Jésus anggènipun dipunsalib wonten ing redi Kalpari, boten tebih saking kita Jérusalém.

3] 103. Sédané Gusti Jésus iku dek kapan?

    Sédanipun Gusti Jésus menika ing dinten Djumuwah-Adi, kinten-kinten djam tiga sijang.

4] 104. Apa sing kelakon nalika Gusti Jésus séda?

    Nalika Gusti Jésus séda, Sukma Dalem pisah kalijan Salira Dalem; nanging ka Allahan Dalem lestantun manunggil kalijan kalih-kalihipun.

40