Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/40

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
    ,,Pandjenengané mbangun-turut. Gusti Jésus mindak-minḍak menggahing kawitjaksanan lan juswa Dalem, apa manèh saja damel rena- ning Allah lan manungsa". Luk. 2 : 51, 52.


Piwulang kang ping sewelas.

SUGENG DALEM GUSTI JÉSUS

ANA ING MASARAKAT.

3] 93. Kapan wiwité Gusti Jésus sugeng ana ing masarakat?
    Gusti Jésus miwiti sugeng wonten ing masarakat, nalika kinten-kinten ndungkap juswa tigangdasa taun.

4] 94. Apa sing ditindakaké Gusti Jésus nalika wiwit sugeng ana ing masarakat?

    Nalika Gusti Jésus wiwit sugeng wonten ing masarakat, ngersakaken dipunbaptis Santo Joannes wonten ing lèpèn Jordan. Bakda menika ladjeng sijam kawandasa dinten kawandasa dalu wonten ing ara-ara samun, sarta wonten ing ngriku dipungoda ing sétan.

4] 95. Apa sing ditindakaké Gusti Jésus sasuwéné sugeng ana ing masarakat?

    Sadangunipun sugeng wonten ing masarakat, Gusti Jésus paring piwulang Dalem ingkang sutji. Pandjenenganipun ngangkat Rasul kalih-welas sarta jasa Pasamuwan sutji.

38