Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/39

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

4] 89. Kaprijé anggèné Gusti Jésus saged ontjat saka panganiajané Hérodes?

    Anggènipun Gusti Jésus saged ontjat saking panganiajanipun Hérodès, margi Santo Jusup dipunḍawuhi Malaékat djengkar tindak dateng Mesir ngampil Sang Timur tuwin Ibu Dalem.

4] 90. Bakda kondur saka Mesir, Gusti Jésus dedalem ing ngendi?

    Bakda kondur saking Mesir, Gusti Jésus dedalem ing Nasarèt, dados satunggal kalijan Santo Jusup tuwin Dèwi Marijah wonten ing dalem limrah sarwa prasadja, kagunganipun Santo Jusup tuwin Dèwi Marijah.
    Rijaja Brajat Minulja: Ngahad bakda Ratu tetelu.

5] 91. Apa kang dadi piwulang Dalem Gusti Jésus marang aku kabèh ana ing Padaleman sutji kalané juswa rolas taun?

    Kalanipun juswa kalih welas taun wonten ing Padaleman sutji, Gusti Jésus paring piwulang dateng kula sadaja, supados ngèstokaken karsa Dalem Gusti Allah ngungkuli samukawis.
    ,,Menapaa pandjenengan sami ngupadosi kula? Menapa pandjenengan boten sami priksa, bilih kula kedah wonten ing ngarsa Dalem Kangdjeng Rama?" Luk. 2 : 49.

4] 92. Ana ing Nasarèt Gusti Jésus nindakaké sugeng apa?

    Wonten ing Nasarèt Gusti Jésus nindakaken sugeng mempen mempen kalijan sembahjang tuwin njambut damel, langkung-langkung kanți mbangun-turut.

37