Kaca iki wis divalidasi
4] 80. Apa Dèwi Marijah iku Ibuning Allah temenan?
- Dèwi Marijah menika Ibuning Allah saèstu, awit Gusti Jésus, Putra dalem menika, njata Allah saèstu.
5] 81. Sebab apa Dèwi Marijah disebut Kenja sinutji?
- Dèwi Marijah menika kasebat Kenja sinutji, djalaran pandjenenganipun menika sami-sami manungsa murni tuwin sutji pijambak sarta ing salaminipun lestantun kenja.
3] 82. Santo Jusup iku sapa?
- Santo Jusup menika rama-emban-Dalem Gusti Jésus Kristus.
3] 83. Gusti Jésus iku mijos ana ing ngendi?
- Gusti Jésus menika mijos wonten ing Bètlekèm ing salebeting kandang.
3] 84. Kapan anggonku pada muljakaké Rijaja wijosan Dalem Gusti Jésus?
- Anggèn kula sami muljakaken Rijaja Wijosan Dalem Gusti Jésus menika ing dinten Kèrsmis: tanggal 25 Ḍésèmber.
5] 85. Apa sebabé Allah Hjang Putra mandjalma dadi manungsa? Allah Hjang Putra mandjalma dados manungsa menika sebabipun:
- perlu tjaos pepulih kondjuk Rama Dalem ingkang bendu margi saking dosaning manungsa.
35