Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/35

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

3] 70. Gusti Jésus Kristus iku sapa?

Gusti Jésus Kristus menika Allah Hjang Putra, ingkang sampun mandjalma dados manungsa margi kula sadaja.

4] 71. Apa Gusti Jésus Kristus iku ija Allah ija manungsa?

Inggih, Gusti Jésus Kristus menika inggih Allah, inggih manungsa, Pandjenenganipun djumeneng: Allah-manungsa.

5] 72. Apa Sang Kristus iku kagungan dat loro?

Inggih. Sang Kristus menika kagungan dat kalih, inggih menika dat ka-Allahan tuwin dat kamanungsan.

5] 73. Apa djedjer Dalem Sang Kristus iku uga loro?

Boten. Djedjer Dalem Sang Kristus menika namung satunggal, inggih menika: djedjer kaallahan, Allah Hjang Putra.

5] 74. Apa tegesé Asma „Jésus” lan Asma „Kristus”?

„Jésus” tegesipun: „Pangéran nebus”;
„Kristus” tegesipun: „djinebadan”.
Rijaja: Asma Dalem ingkang manis.
„Malaékating Pangéran ngandika marang St. Jusup: Pandjenenganipun katjaosana Asma Jésus, awit baḍé nebus umat Dalem saking sadaja dosanipun”.

Mt. 1: 20, 21.

5] 75. Apa sebabé Gusti Jésus Kristus iku tak sebut Pangéran?

Gusti Jésus Kristus menika kula sebat Pangéran, awit Pandjenenganipun sampun karsa nebus

33