Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/33

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Piwulang kang kapitu.
NJAWISAKE RAWUH DALEM
SANG PANEBUS.

4] 64. Apa Gusti Allah tumuli énggal ngutus Sang Panebus sawisé Bapa Adam nglakon dosa?

Boten, Gusti Allah senadjan sanalika menika ugi paring kasagahan badé ngutus Sang Panebus, éwa semanten saweg let pinten-pinten abad anggénipun maringaken Sang Panebus wau.

4] 65. Kaprijé anggené Gusti Allah njawisaké djagad minangka nampa rawuh Dalem. Sang Panebus?

Gusti Allah anggénipun njawisaken djagad minangka nampi rawuh Dalem Sang Panebus sarana Pradjandjian Lami.

4] 66. Pradjandjian lawas tku apa?

Pradjandjian lami menika Pradjandjian, ingkang katindakaken Gusti Allah kalijjan bangsa Jahudi ingkang pinilih.
,,Wruhanamu, iki pradjandjianku marang kowé: kowé bakal dadi bapa-babuné bangsa akéh! Aku bakal djumeneng Gusti Allahmu lan anak putumu run-tumurun, minangka dadi Pradjandjian langgeng”’. Gen. 17 : 4, 7.

5] 67. Apa Gusti Allah njawisaké bangsa Fahudi murih nampa rawuh Dalem Sang Panebus?

Inggih, Gusti Allah njawisaken bangsa Jahudi murih nampi rawuh Dalem Sang Panebus:
  1. sarana ngémutaken wongsal-wangsul, saja dangu saja tjeṭa, bab kasagahan Dalem baḍé ngutus Sang Panebus.

31