Kaca iki wis divalidasi
4] 59. Apa ora ana wong sing luput saka dosa asal?
- Boten, boten wonten tijang ingkang lepat saking dosa asal, kedjawi Sang dahat sinutji Kenja Dèwi Marijah.
- Dèwi Marijah pinurba mulus tanpa tjiri: rijajané tanggal 8 Désèmber.
5] 60. Marga dosa asal iku aku pada kelangan apa?
- Margi dosa asal menika kula sami kétjalan sih kasusantan lan sih mirunggan, ingkang tinampi ing Bapa Adam tuwin Ibu Kawa.
5] 61. Apa wong-wong ing saterusé bandjur tansah kélangan sih kasusantan?
- Boten, tijang-tijang ing saladjengipun boten tansah kétjalan sih kasusantan, awit Gusti Allah karsa melasi ḍateng bangsa manungsa.
6] 62. Apa wong-wong pada lestari kelangan sih mirunggan?
- Inggih, wonten ing donja ngriki tijang-tijang sami lestantun kétjalan sih mirunggan, nanging baḍé sami nampi menika wau malih, wonten ing swarga lan ing samangsa pun badan tangi saking pedjah kanṭi kamuljan.
3] 63. Kaprijé-enggoné Gusti Allah karsa melasi marang manungsa? Gusti Allah karsa melasi dateng manungsa sarana ngutus Sang Panebus.
- „Samono katresnan Dalem Gusti Allah marang donja, nganti karsa maringaké Putra Dalem ontang-anting, supaja sing sapa ngandel ing Pandjenengané ora bakal tiwas, nanging bakal urip langgeng”. Joann. 3: 16.
30