Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/31

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

5] 55. Bapa Adam lan Ibu Kawa kélangan apa marga nglakoni dosa geḍé mau?

Margi nglampahi dosa ageng wau Bapa Adam tuwin Ibu Kawa kétjalan sih kasusantan sarta sih mirunggan.
Piwulang kang ping nem.
DOSA ASAL.

3] 56. Apa Bapa Adam marga dosané mung gawé tjilakané déwé waé?

Boten. Margi dosanipun Bapa Adam namung damel tjilakanipun pijambak, nanging ugi tijang sanésipun sadaja.

6] 57. Apa sebabé déné Bapa Adam marga dosané uga gawé tjilakané wong lijané kabéh?

Margi dosanipun Bapa Adam ugi damel tjilakanipun tijang sanésipun sadaja, awit Bapa Adam kinodrat ing Gusti Allah dados bapa-babuning bangsa manungsa.
,,Kaja déné marga wong sidji si dosa tumeka ing donja lan marga dosa mau si pati, mengkono uga si pati namani sakabehé manungsa, sebab kabéh waé pada nglakoni dosa”’.

Rom, 5: 12.

4] 58. Dosa asal iku apa?

Dosa asal menika kawontenan ing salebeting dosa, utawi kawontenan ing salebeting satron kalijan Gusti Allah, ingkang dipunwarisaken ḍateng sadaja manungsa.

29