Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/30

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

4] 50. Marga sih kasusantan mau Bapa Adam lan Ibu Kawa apangkat apa?

Margi sih kasusantan menika wau Bapa Adam tuwin Ibu Kawa apangkat putraning Allah sarta dados ahli waris swarga.

5] 51. Bebarengan karo sih kasusantan mau Bapa Adam lan Ibu Kawa pinaringan apa?

Sesarengan kalijan sih kasusantan wau Bapa Adam lan Ibu Kawa pinaringan sih mirunggan inggih menika:
  1. mulunging manah ḍateng ingkang saé.
  2. waskita.
  3. lepat ing sangsara tuwin pedjah.

5] 52. Apa sih kasusantan lan sih mirunggan mau mung kanggo Bapa Adam lan Ibu Kawa déwé?

Boten, sih kasusantan sarta sih mirunggan wau boten namung kanggé Bapa Adam tuwin Ibu Kawa pijambak, nanging kanggé tijang sadaja.

5] 53. Apa Bapa Adam lan Ibu Kawa lestari mbangun-turut marang Gusti Allah?

Boten, Bapa Adam lan Ibu Kawa boten lestantun mbangun-turut dateng Gusti Allah, nanging sami ḍumawah ing dosa ageng.

3] 54. Sapa sing mbudjuk Bapa Adam lan Ibu Kawa nglakoni dosa?

Sétan ingkang mbudjuk Ibu Kawa nglampahi dosa, déné Ibu Kawa mbudjuk Bapa Adam.

28