Kaca iki wis divalidasi
6] 45. Mungguhing manungsa iku kang perlu ḍéwé apané?
- Menggahing manungsa menika ingkang perlu pijambak sukmanipun, awit sukma menika roh, ingkang boten baḍé pedjah, katitahaken miturut wudjud lan tjitraning Allah.
- „Ajo paḍa nitahaké manungsa manut wudjud lan tjitraku; poma mbawahna iwak-iwak ing sagara, manuk-manuk ing langit, kéwan-kéwan kang asikil papat, lan manèh salumahé bumi sarta kabèh waé kang pada gumremet ing kono”. Gen. 1: 26.
3] 46. Manungsa kang wiwitan iku sapa?
- Manungsa ingkang wiwitan menika Bapa Adam tuwin Ibu Kawa.
3] 47. Manungsa kang wiwitan mau paḍa manggon ana ing ngendi?
- Manungsa ingkang wiwitan wau sami manggèn kanṭi rahadjeng wonten ing taman Pirdus.
4] 48. Gusti Allah nitahaké manungsa iku kersané apa?
- Gusti Allah nitahaken manungsa menika supados manungsa ngurmati tuwin ngabdi Pandjenenganipun, lan margi mekaten wau manggih rahadjeng, ing samangké wonten ing donja sarta béndjing wonten ing swarga langgeng.
4] 49. Peparing Dalem Gusti Allah marang Bapa Adam lan Ibu Kawa kang luhur ḍéwé iku apa?
- Peparing Dalem Gusti Allah dateng Bapa Adam tuwin Ibu Kawa ingkang luhur pijambak inggih menika sih kasusantan.
27