Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/28

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

3] 41. Apa ana Malaékat kang pinidji ngreksa aku kowé?

Inggih, ugi wonten Malaékat, ingkang sami pinidji ngreksa kula sadaja wiwit kula sami dumados ngantos dumugining pedjah; saben tijang nggaḍahi Malaékat satunggal ingkang kapatah ngemong, inggih menika Malaékat pamomongipun.
„Pandjenengané bakal ḍawuh marang para Malaékat Dalem, supaja ngawat-awati lakumu. Kowé bakal pada didjundjung supaja adja nganti kesandung watu”. Ps.90: 11. 12.


3] 42. Kapriyé pangemonging Malaékat mau marang manungsa?

Malaékat pamomong wau ngajomi kita menggahing badan lan sukma. Pandjenenganipun paring pitulungan sadangunipun kula taksih sami gesang, tuwin samangsa sami pedjah.


4] 43. Apa kuwadjibanku marang Malaétkat pamomongku?

Kula kedah sami ngurmati Malaékat pamomong kula, njuwun pangéstunipun kanti pitadjeng, sarta mirengaken dateng osikipun.
Rijaja kanggo ngurmati para Malaékat pamomong: 2 Oktober.


Piwulang kang kalima.

MANUNGSA KANG SAPISANAN LAN

ANGGONÉ TUMIBA ING DOSA.


4] 44. Manungsa iku apa?

Manungsa menika titah ingkang kadadosan, saking sukma ingkang boten saged pedjah, kalijan badan ingkang baḍé pedjah.

26