Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/27

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
pahi dosa, wasana ladjeng sami katjemplungaken ing naraka langgeng.


3] 37. Malaékat kang pada tumiba ing dosa mau diarani apa?

Malaékat ingkang sami ḍumawah ing dosa wau dipun wastani sétan utawi roh awon.


5] 38. Kaprijé pangrengkuhé sétan marang aku kabeh?

Sétan menika gaḍah kadjeng awon ḍateng kula sadaja menggahing badan tuwin sukma, awit sami sengit sarta méri dateng kula sadaja.


5] 39. Kaprijé bisaku ngalang-langi sétan enggoné gawé ala marang aku kabeh?

Saged kula ngalang-alangi sétan anggénipun damel awon ḍateng kula sadaja, inggih menika srana waspada, sembahjang sarta nanggulang panggoḍanipun.

„Sing nalar lan waspada! Si sétan mungsuh-
mu, klintar-klinter kaja singa barong gera-
gero golèk sing arep dimangsa, lawanen kanṭi
tatag-ḍaḍag krana piandel”. I. Petr.5 : 8.9.



3] 40. Gusti Allah nggandjar apa marang para Malaékat kang betjik?

Gandjaran ingkang dipun paringaken Gusti Allah ḍateng para Malaékat ingkang saé inggih menika swarga, papan panggènanipun para Malaékat wau rahadjeng langgeng ing samudajanipun.

„Para Malaékat ing swarga tansah paḍa
njawang pasurjan Dalem Ramaku, kang ana
ing swarga”. Mt.18 : 10.

25