Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/26

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

3] 32. Titah-titah kang wigati iku sing endi?

Titah-titah ingkang wigatos inggih menika Malaékat lan manungsa.
„Menapa ta manungsa menika, déné kok Sampéjan Dalem karsa menggalih; menapa ta tijang menika, déné Sampéjan Dalem karsa rumeksa? Ewa semanten Sampéjan Dalem rengkuh méh ngèmperi para Malaékat”.

Ps.8 : 5.6.


Piwulang kang ping pat.
PARA MALAÉKAT LAN DOSANÉ.

4] 33. Malaékat iku apa?

Malaékat menika roh ingkang luhur sarta lepat ing pedjah.

4] 34. Gusti Allah nitahaké Malaékat iku sedyané apa?

Gusti Allah nitahaken Malaékat menika sedyanipun supados sami tjaos urmat tuwin ngabdi ḍateng Pandjenenganipun, lan margi nindakaken mekaten wau sageda sami rahadjeng.

3] 35. Nalika Malaékat mau katitahaké kahanané kapriye?

Nalika Malaékat wau katitahaken kawontenanipun sami saé lan rahadjeng.

3] 36. Apa para Malaékat mau kabeh paḍa tulus betjik lan rahaju?

Boten, para Malaékat wau boten sadaja tulus saé lan rahadjeng, katah ingkang sami nglam-

24