Kaca iki wis divalidasi
5] 28. Apa tegesé Gusti Allah ngerèhaké djagad?
- Gusti Allah ngerèhaken djagad tegesipun Gusti Allah nata lan ngener samukawis tumudju dateng antjas ingkang dipun kersakaken nalika nitahaken djagad.
3] 29. Pangreksa Dalem Gusti Allah marang djagad iku djenengé apa?
- Pangreksa Dalem Gusti Allah ḍumateng djagad menika dipun wastani „Rumeksa Dalem Gusti Allah”.
- „Rumeksa Dalem Gusti Allah nḍepani wates sidji lan sidjiné kanți kentjeng apa manèh ngerèhaké djagad rat kanți kesaénan”.
Sap. 8: 1.
6] 30. Apa gunané mikir-mikir marang Rumeksa Dalem Gusti Allah?
- Mikir-mikir ḍateng Rumeksa Dalem Gusti Allah menika suka panglipur lan pambombong ing salebetipun nanḍang sangsara tuwin karibedan, menapa malih murugaken tansah pitadjeng dateng Gusti Allah.
- „Ruwet rentengmu bjukna ing ngarsa Dalem, awit Pandjenengané iku kang ngreksa kowé”.
I Petr. 5 7.
5] 31. Jen Gusti Allah iku rumeksa ing sakabèhé, sebab apa déné donja iku kebak sangsara?
- Wontenipun donja kebak sangsara menika kabekta saking wontenipun dosa.
23