Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/24

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Piwulang kang katelu.
GUSTI ALLAH, KANG NITAHAKÉ,
MANGÉRANI LAN NGERÈHAKÉ
BUMI LANGIT.


3] 23. Sebab apa Gusti Allah iku diarani kang nitahaké samubarang kabeh?

Gusti Allah menika dipunwastani ingkang nitahaken samukawis, sebab Pandjenenganipun menika ingkang ngwontenaken sadajanipun namung krana Karsa Dalem ingkang Maha kuwasa kémawon.

4] 24. Apa sebabé déné Gusti Allah kersa nitahaké samubarang kabeh?

Gusti Allah menika karsa nitahaken samukawis perlunipun minangka ngatingalaken kaluhuran sarta katresnan Dalem.

4] 25. Sebab apa Gusti Allah iku disebut Pangéran?

Gusti Allah menika dipunsebat Pangéran, sebab sadaja menika dados kagungan Dalem.

5] 26. Sawisé nitahaké djagad Gusti Allah nuli nindakaké apa?

Bakda nitahaken djagad Gusti Allah nunten nglestantunaken tuwin ngerèh djagad wau.

5] 27. Apa tegesé Gusti Allah nglestarekaké djagad?

Gusti Allah nglestantunaken djagad menika tegesipun Gusti Allah ngladjengaken wontenipun djagad krana Maha kuwasa Dalem.

22