Kaca iki wis divalidasi
6] 20. Apa sebabé déné djedjer telu mau mung Allah sidji?
- Djedjer tiga wau namung Allah satunggal, awit tetiganipun wau nunggil sa-dat.
4] 21. Apa sidji-sidjining djedjer iku ngungkuli lijané?
- Boten; tetiganing djedjer ka-Allahan wau sami sampurnanipun.
3] 22. Allah sawidji adjedjer telu mau paḍa daksebut apa?
- Allah sawidji adjedjer tiga wau sami kula sebat Hjang Trinidji ingkang Maha Sutji utawi Hjang Trimulja ingkang linangkung.
- „Sih Dalem Kangdjeng Gusti Jésus Kristus, Katresnan Dalem Gusti Allah lan panunggal-Dalem Hjang Roh Sutji anaa ing kowé kabéh”. II Kor. 13: 13.
- Rijaja Hjang Trinidji kang Maha Sutji iku dimuljakaké ing dina Ngahad kang kapisan bakda Pèntékostah.
- Anggonku ngakoni piandelku bab Hjang Trinidji kang Maha Sutji iku krana gawé tanḍa pamenṭangan lan sembahjang: Mugi linuhurna Hjang Rama, sapituruté.
21