Kaca iki wis divalidasi
4] 15. Apa Gusti Allah iku ambek welas?
- Inggih, Gusti Allah menika ambek welas; Pandjenenganipun sakalangkung rena paring pangapunten dateng tijang dosa, ingkang keduwung.

4] 16. Apa Gusti Allah iku saé?
- Inggih, Gusti Allah menika saé; pandjenenganipun tresna ḍateng kula sadaja kanṭi katresnan ingkang tanpa wates; sarta samukawis ingkang saé asalipun inggih saking Pandjenenganipun.
- „Gusti Allah iku katresnan”. I Joann. 4 : 8.
- Inggih, Gusti Allah menika saé; pandjenenganipun tresna ḍateng kula sadaja kanṭi katresnan ingkang tanpa wates; sarta samukawis ingkang saé asalipun inggih saking Pandjenenganipun.
Piwulang kang kapinḍo.
ALLAH SIDJI DJEDJER-TELU.
ALLAH SIDJI DJEDJER-TELU.
3] 17. Apa kang tak anḍaraké krana tetembungan tanḍa-pamenṭangan?
- Krana tetembungan tanḍa-pemanṭangan ingkang kula andaraken inggih menika, bilih Allah menika adjedjer tiga: Hjang Rama, Hjang Putra tuwin Hjang Roh Sutji.

3] 18. Kaprijé ngertiku jen Allah iku adjedjer telu?
- Ngertos kula, jen Allah menika adjedjer tiga saking piwulang Dalem Gusti Jésus pijambak.

3] 19. Sidji-sidjining djedjer telu mau apa ija Allah temenan?
- Inggih, satunggal-satungaling djedjer tiga wau inggih Allah sajektos: Hjang Rama inggih Allah, Hjang Putra inggih Allah, Hjang Roh Sutji inggih Allah.

20