Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/20

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Piwulang kapisan.

BAB GUSTI ALLAH.
Prakara kang kapisan:
„Kawula pitados ing Allah Rama Sang Maha-kuwasa, ingkang nitahaken bumi langit.”


3] 5. Gusti Allah iku sapa?

Gusti Allah menika Rama kita ingkang dedalem ing swarga.


5] 6. Kaprijé ngertiku jén Allah iku ana?

Menawi Gusti Allah menika wonten, ngertos kula:
  1. langkung-langkung saking weḍaran Dalem Gusti Jésus.
  2. ugi saking samukawis ingkang tumitah.


3] 7. Apa Gusti Allah iku luwih saka sidji?

Boten, Gusti Allah menika namung sawidji.


6] 8. Apa Gusti Allah iku katingal?

Boten Gusti Allah menika boten katingal, awit boten kagungan salira; Pandjenenganipun djumeneng Roh, ingkang Maha sampurna.
      „Durung tau ana wong kang weruh Gusti Allah; Putra Dalem ontang-anting kang ana ing pangkon Dalem Hjang Rama iku kang ngandaraké bab Pandjenengané”.

Joann. 1: 18.

18