Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/16

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Ajo pada mundjuk,


B : Duh Allah, ingkang djumeneng pangungsén tuwin kekyatan kawula, wontena karsa Dalem mriksani kawula Dalem ingkang sami njenjuwun wonten ing ngarsa Dalem; punapa déné lantaran Déwi Mariah, Kenja saha Ibuning Allah, ingkang mulja sarta mulus, tuwin ingkang Raka Santo Jusup, punapa malih Rasul-Rasul sinutji Pétrus kaliyan Paolus, sarta para Sutji sadaja. Sampéjan Dalem kersaa ngabulaken panjuwun kawula margi kamirahan saha keparenging panggalih Dalem, murih tobatipun tijang duraka saha mardika tuwin luhuripun Ibu kawula Pasamuwan Sutji. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula.
W : Amin.
B : Maha Malaékat Santo Michaél, ngamping-ampingana kawula ing salebetipun perang, mitulungana kawula mengsah goda-rentjananing sétan. Pasambat kula kanti andap-asor: mugi Gusti Allah kersaa ngatingalaken panguwaos Dalem dateng roh awon wau.
W : Duh Sénapatining bala-Swarea, krana kasekténing Allah, mugi sétan saha roh awon sanésipun ingkang sami klambrangan ngrisak sukma-sukma, Pandjenengan Dalem ungsir wangsul dateng naraka. Amin.
B : Tyas Dalem Sri Jésus, ingkang Maha Sutji,
W : Njuwun kawelasan.
B : Tyas Dalem Sri Jésus, ingkang Maha Sutji,
W : Njuwun kawelasan.
B : Tyas Dalem Sri Jésus, ingkang Maha Sutji,
W : Njuwun kawelasan Dalem.

14