Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/159

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Pèngetan.

DINA GEḌÉ, DINA PASA LAN DINA SESIRIK

KANGGO WILAJAH VIKARIAT.

I. Dina geḍé, kang dipaḍakaké dina Ngahad:

  1. Rijaja Mékrad Dalem Gusti Jésus.
  2. Rijaja Salirané Dèwi Marijah kainggahaké menjang Swarga (15 Agustus).
  3. Rijaja Wijosan Dalem Gusti Jésus

(25 Ḍésèmber).

II. Dina pasa ian sesirik.

  1. Saben Djumuwah ing sadjroning mangsa pasa, (pitu tjatjahé).
  2. Setu Paskah.
  3. Vigili Wijosan Dalem Gusti Jésus,

(24 Ḍésèmber).

Déné tembung Pasa iku ditegesaké mengkéné:
ing dalem sadina - sawengi, mung mangan wareg sapisan. Déné enggoné mangan wareg mau kena ing wajah awan, utawa ing wajah soré.

Ing mangsa mangan kang wis kalumrah lijané, kudu njuda tadahé, kang wis dadi padatané ing samurwaté. Mulané bisa dianggep padatan kang absah, menawa kalané mangan kang ditjumpèni mau ndjupuk satjukupé, amrih bisa nglakoni kuwadjiban lan pagawéjané ing saben dinané tanpa pakéwuh, kang temen-temen.

III. Dina geḍé kang ora dipaḍakaké dina Ngahad.

Rijaja Supit Dalem. (1 Djanuari).
Ratu tetelu. (6 Djanuari).
Dèwi Marijah nutjékakeé Salira (Wiladah utawa Mis Padang. (2 Pébruari.).

Santo Jusup. (19 Maret).

157