Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/157

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

6] 545. Dalané nggajuh marang kasampurnan iku endi?

Marginipun nggajuh ḍateng kasampurnan menika: kedah nulad sugeng Dalem Sang Kristus, utawi: gesang miturut semangat Dalem Sang Kristus.


6] 546. Ngertiku marang semangat Dalem iku saka ngendi?

Ngertos kula ḍateng semangat Dalem menika saking Sabda Dalem Rahaju wewolu:
Rahaju wong kang ambeg mlarat,
awit bakal nduwéni Kratoning Swarga;
Rahaju wong kang lembah manah,
awit bakal nduwéni Tanah;
Rahaju wong kang paḍa nangis,
awit bakal oleh panglipur;
Rahaju wong kang paḍa ngelih lan ngelak marang kabeneran,
awit bakal pinaringan wareg;
Rahaju wong kang ambeg welas,
awit bakal pinaringan kawelasan;
Rahaju wong kang resik atiné,
awit bakal njawang Allah;
Rahaju wong kang ngudi marang katentreman,
awit bakal disebut putraning Allah;
Rahaju wong kang dikuja-kuja krana kabeneran,
awit bakal ndarbéni Kratoning Allah.

Matt. 5 : 3-10.


6] 547. Apa Sang Kristus nedahaké srana kang mirunggan kanggo nggajuh kasampurnan?

Inggih, Sang Kristus sampun karsa nedahaken srana mirunggan kanggé nggajuh kasampurnan, inggih menika Pitedahing Indjil.

155