Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/156

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
kasusantan lan dipunlampahi murih kaluhuran Dalem Gusti Allah.
,,Anggonmu mersudi pakarjan betjik iku adja ana ing ngarepé wong supaja disawang; mundak ora tampa gandjaran saka Ramamu kang ana ing Swarga".

Matt. 6 : 1.

6] 542. Jen wong ngandut dosa gedé nglakoni betjik, apa iku tanpa guna babar pisan?

Jèn tijang nganḍut dosa ageng nglampahi saé, menika boten tanpa gina babar pisan; awit tindak saé menika dados srana mertobat ingkang limrah.
,,Sadaja ingkang badé kawula lampahi ing dinten menika kawula undjukaken ing Sampéjan Dalem. Sadaja wau badé kawula tindakaken murih kaluhuran Dalem saha rahadjenging sukma kawula". (Sembahjang ésuk).

6] 543. Kasampurnan Katulik iku apa?

Kasampurnan Katulik menika: tanpa kenḍat mbudidaja sampun ngantos ndjarag nglampahi dosa, kalijan ngulah sampurnaning kautamèn.
Rahaju wong kang ngelih lan ngelak marang kabeneran, awit bakal pinaringan wareg".

Matt. 5 : 6.

6] 544. Apa Sang Kristus ngersakaké supaja kabèh wong ndjangka marang kasampurnan?

Inggih; Sang Kristus ngersakaken sadaja tijang samia ndjangka dateng kasampurnan.
,,Dipada sampurna kaja Ramamu ing Swarga anggèné sampurna".

Matt. 5 : 48.

154