Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/155

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
ngantos dados tulaḍanipun tijang sanès, ngertos ngertosaken tijang sanès bab Pengandel Katulik lan njembahjangaken tijang ingkang dèrèng Katulik.
,,Sing tansah seḍija awèh tanggung djawab samangsa ana wong ndjaluk katerangan bab Pengarep-arep kang urip ing sadjroning ati-mu".

I Petr. 3 15.

Piwulang kang ping suwidak telu.
PENGGAWÉ BETJIK LAN
KASAMPURNAN KATULIK.

5] 539. Apa wong iku wadjib nglakoni penggawé betjik?

Tijang mila inggih wadjib nglampahi pendamel saé, supados margi mekaten wau nampèni gandjaran swarga.
,,Kabèh wong bakal ngaḍep ana ngarsa pradatan Dalem Sang Kristus, perlu nampa pituwasé tindaké kang betjik utawa kang ala, kang wus dilakoni ḍéwé-ḍéwé, kalané isih urip ana ing badané".

II Cor. 5: 10.

5] 540. Manut pitedahé Kitab Sutji sing prajoga banget dilakoni iku penggawé betjik apa?

Manut pitedahing Kitab Sutji pendamel saé ingkang prajogi sanget dipunlampahi menika, kadosta: sembahjang, matiraga, tindak-kawelasan lan tindak-kasudarman.

5] 541. Bisané pakarjan betjik iku olèh gandjaran, kudu kaprijé?

Sagedipun pakarjan saé menika angsal gandjaran, ingkang nglampahi kedah kasinungan sih

153