Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/153

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

4] 531. Pasamuwan Sutji dawuh apa ana ing angger-anggeré kang ping pat?

Wonten ing angger-anggeripun ingkang kaping sekawan Pasamuwan Sutji dawuh, supados sadaja tijang Katulik ingkang sampun tinarbuka budinipun, ngakenaken sadaja dosanipun ageng apes setaun sepisan kanți éklasing manah.

3] 532. Angger-angger dawuhé Pasamuwan Sutji kang kalima iku uniné kaprijé?

Angger-angger dawuhipun Pasamuwan Sutji ingkang kaping gangsal menika ungelipun mekaten: „Tampaa Saliraning Gusti ing mangsa Paskah”.

4] 533. Angger-angger mau nḍawuhaké apa?

Angger-angger wau nḍawuhaken: uger tijang Katulik ingkang sampun saged mbédakaken awon lan saé, dipunwadjibaken tampi Salira-Dalem kalajan pantes ing salebeting mangsa Paskah; prajoginipun wonten Grédja-parokinipun pijambak.
Piwulang kang ping suwidak loro.
APOSTOLAT.

6] 534. Apa aku djeneng wong Katulik sedjati, jèn aku mung ngudi rahajuné sukmaku ḍéwé baé?

Menawi kula namung mligi ngudi rahadjenging sukma kula pijambak kémawon, kula boten nama tijang Katulik sedjati: awit tijang Katulik inggih kuwadjiban ngarah rahadjenging sukmanipun sesami, sarana nindakaken apostolat, inggih menika pakarjaning rasul.

151