Kaca iki wis divalidasi
4] 526. Ing dina-sesirik Pasamuwan Sutji ora marengaké ара?
- Ing dinten-sesirik Pasamuwan Sutji boten marengaken: neḍa ulam daging lan duduh ulam daging; nanging teteḍan ingkang dipunratengi mawi gadjih dipunparengaken.
4] 527. Sing diwadjibaké sesirik iku sapa?
- Ingkang dipunwadjibaken sesirik menika: sok tijanga ingkang sampun umur pitung taun minggah; kedjawi jèn dipunmerdikakaken margi sebab-sebab ingkang absah.
5] 528. Ing dina-pasa Pasamuwan Sutji ora marengaké apa?
- Ing dinten-sijam Pasamuwan Sutji boten marengaken: neḍa tuwuk ngantos langkung saking sepisan; nanging éndjing lan sonten dipunparengaken neḍa sawatawis miturut kalimrahan, ingkang sampun dipunlilani ing tanahipun pijambak. (Padakna katja 157).
5] 529. Sapa sing kudu pasa?
- Ingkang kedah sijam inggih menika sadaja ingkang sampun umur 21 dumugi 59 tahun, kedjawi ta jèn dipunmerdikakaken margi sakit, pedamelan awrat utawi sebab sanèsipun ingkang absah.
Piwulang kang ping suwidak sidji.
ANGGER-ANGGER KANG KAPAT
LAN KANG KALIMA
3] 530. Sebutna angger-angger dawuhé Pasamuwan Sutji kang ping pat!
- „Ngakua dosa apesé setahun sepisan”.
150