Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/151

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

5] 522. Sing gawé tjamahing dina Ngahad iku apa mung pegawéan kang diwaleri baé?

Ingkang damel tjamahing dinten Ngahad menika boten namung pedamelan ingkang dipunawisi kémawon, nanging ugi: sesrawungan ingkang sembrana tuwin kasukan-kasukan ingkang saru.


Piwulang kang ping suwidak.
ANGGER - ANGGER KANG KATELU DAWUHÉ PASAMUWAN SUTJI.

6] 523. Matiraga iku perluné apa?

Matiraga menika perlunipun: tjaos pepulihing dosa-dosa, menapa malih ngudi ngerèhaken badanipun pijambak, supados saja langkung saé malih anggenipun nulad Sang Kristus.
,,Patènana samubarang kang ndonjani ing gegelitanmu: djina, djedjenes, hawa nepsu, pakareman mblasar lan kamurkan".

Col. 3: 5.

,,Sing wis dadi kagungan Dalem Sang Kristus, pada njalib dagingé sa-hawanepsuné lan pikaremané".

Gal. 5 24.

6] 524. Sing diwadjibaké Pasamuwan Sutji iku matiraga kang endi?

Ingkang dipunwadjibaken Pasamuwan Sutji menika langkung - langkung matiraga srana: sijam lan sesirik.

3] 525. Utjapna angger-angger dawuhé Pasamuwan Sutji kang katelu!

,,Pasaa lan njirika daging miturut dawuh".

149