Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/150

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

4] 518. Sing diwadjibaké nḍèrèk Mis Sutji ing dina Ngahad lan ing dina geḍé kang dipaḍakaké dina Ngahad iku sapa?

Ingkang dipunwadjibaken nḍèrèk Mis Sutji ing dinten Ngahad lan ing dinten-dinten ageng ingkang dipunsamèkaken dinten Ngahad menika: sok tijanga ingkang sampun umur pitung taun minggah; semanten wau jèn boten wonten alangan ingkang absah.

4] 519. Anggoné nḍèrèk Mis Sutji mau kudu kaprijé?

Anggènipun nḍèrèk Mis Sutji wau kedah: wetah, urmat lan nggatosaken.

4] 520. Nglakoni dosa geḍé nerak angger-angger ḍawuhé Pasamuwan Sutji kang kapinḍo iku kaprijé?'

Nglampahi dosa ageng nerak angger-angger ḍawuhing Pasamuwan Sutji ingkang kaping kalih menika:
  1. nglirwakaken nḍèrèk Mis Sutji utawi boten ndèrèk péranganipun ingkang perlu tanpa sebab ingkang absah;
  2. nindakaken padamelan ingkang dipunwaleri sawetawis dangu.

5] 521. Kaprijé bisaku nutjèkaké dina Ngahad lan dina geḍé kanti mirunggan?

Saged kula nutjèkaken dinten Ngahad lan dinten ageng kanți mirunggan menika srana tampi Kumini Sutji, ndèrèk Mis Ageng, prajoginipun wonten ing Parokinipun pijambak, sarta nḍèrèk Astuti utawi Vesper.

148