Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/15

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Gusti, mugi wontena karsa Dalem paring berkah tuwin pangajoman dateng kawula minangka nanggulang sadaja piawon, saha karsa nuntun ingkang abdi ngantos dumugi ing kalanggengan. Amin.
Mugi sukma-sukma ing latu pangresikan krana sih kawelasan Dalem manggiha katentreman. Amin.
Kondjuk ing Asma Dalem Hjang Rama, saha Hjang Putra, tuwin Hjang Roh Sutji. Amin.

SEMBAHJANGAN BAKDA MIS.
(Ajo pada njembahjangaké Russia).

B : Sembah bekti kawula......... (ping telu).
Sembah bekti kawula, duh Kangdjeng Ratu, Ibuning kamirahan.
W: Ingkang djumeneng gesang, kabingahan tuwin angadjeng-adjeng kula.
B: Abdi dalem tijang butjalan, turuning Kawa,
sami sambat-sambat ing Pandjenengan dalem.
W: Kawula njenjuwun, ngesah tuwin nangis dateng. Pandjenengan dalem wonten ing pasétran menika.
B : Pramila Déwi, lantaran kawula, wontena karsa dalem melasi abdi dalem.
W: Saha sawangsulipun saking butjalan, katedahana wohing salira dalem, ingkang pinudji-pudji Sri Jésus.
B: Duh Kenja Déwi Marijah, ingkang palimirma;
W: Ingkane saé, ingkang manis.
B: Ibuning Allah njuwun pangèstu dalem,
W: Supados pantes nampéni gandjaran kasagahan
Dalem Sang Kristus.

13