Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/149

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
ANGGER - ANGGER LIMA ḌAWUHÉ
PASAMUWAN SUTJI.
Piwulang kang ping sèket sanga.
ANGGER-ANGGER KANG KAPISAN

LAN KANG KAPINḌO

ḌAWUHÉ PASAMUWAN SUTJI.

3] 515. Utjapna angger-angger ḍawuhé Pasamuwan Sutji kang kapisan!

„Muljakna dina geḍé kang dipaḍakaké dina Ngahad!”

3] 516. Ing Vikariat kéné: dina gedé kang dipaḍakaké dina Ngahad iku sing endi?

Ing Vikariat ngriki dinten ageng ingkang dipunsamèkaken dinten Ngahad inggih menika:
  1. Rijaja Mijos Dalem Kangdjeng Gusti Jésus Kristus; utawi Rijaja Kèrsmis.

(25 Ḍésember).

  1. Rijaja Mékrad Dalem Kangdjeng Gusti Jésus Kristus.
  2. Rijaja Dalem Kangdjeng Ibu Dèwi Marijah kapunḍut ḍateng Swarga.

(15 Agustus).

3] 517. Utjapna angger-angger ḍawuhé Pasamuwan Sutji kang kapinḍo!

„Ing dina Ngahad lan ing dina gedé kang dipaḍakaké dina Ngahad nḍèrèka Mis Sutji lan adja nandangi pagawéan kang diwaleri”.

147