Kaca iki wis divalidasi
5] 511. Njatur ala kang ora njata tku kaprijé?
- Njatur awon ingkang boten njata menika kadjengipun: ngandaraken piawonipun tijang ingkang boten katindakaken; utawi: piawon ingkang dipunlampahi, katjarijosaken, nanging mawi dipunbumboni (dipunageng-agengaken).
5] 512. Njatur alaning wong iku kaprijé karepé?
- Njatur awoning tijang menika kadjengipun: njrijosaken awoning tijang, ingkang taksih winados, tanpa sebab ingkang maton.
5] 513. Gumampang ngira alaning wong iku kaprijé?
- Gumampil nginten awoning tijang menika kadjengipun: tanpa bukti-bukti ingkang njekapi sampun netepaken ing salebeting manah bab awonipun tijang sanès.
5] 514. Jèn gawé kusuté djenenging lijan tanpa sebab kang maton, iku bandjur kuwadjiban ngapa?
- Jèn damel kusuting namanipun sanés tanpa sebab ingkang maton, menika ladjeng kuwadjiban mulihaken kapitunèn wau saénggal-énggalipun lan sa-saged-sagedipun; jèn boten purun, dosanipun boten dipunapunten.146