Kaca iki wis divalidasi
5] 507. Angger-angger kang kawolu iku madjibaké apa?
- Angger-angger ingkang kaping wolu menika madjibaken, bilih kita kedah barés ing ginem lan tindak-tanduk; menapa malih kedah tansah urmat ḍateng saéning namanipun lan prekawis wewadosing sesami.
5] 508. Angger-angger kang kaping wolu iku maleri apa? Angger-angger ingkang kaping wolu menika maleri:
- suka paseksén ingkang boten njata, langkung-langkung wonten ngadjengipun pradata;
- goroh;
- njatur awon ingkang boten njata;
- njatur awoning tijang;
- gumampil nginten awoning tang;
- nganḍaraken prekawis ingkang dipundamel wados tijang sanès.
5] 509. Goroh iku apa?
- Goroh menika: njrijosaken barang ingkang boten njata; mangka inggih ngertos saéstu, jén ingkang dipuntjrijosaken wau boten njata.
- „Paḍa njingkirana goroh lan kandaa sing njata Marang pepadamu, sidji-sidjiné kanggo awaké ḍéwé-ḍéwe; awit aku kabéh wis dadi gegelitan, sidji tumrap sidjiné". Eph. 4: 25.
5| 510. Apa wong iku tansah wadjib ngandakaké kang njata?
- Boten; malah wonten kalanipun tijang kuwadjiban njidem prekawis ingkang njata.
145